AHLAN WA SAHLAN BIHUDHURIKUM

Semoga Bermanfaat

Selasa, 12 Januari 2016

KASIDI, KASIYEM lan KUCINGE

KASIDI, KASIYEM, lan KUCINGE

Kasidi mangkel tenan karo kucing ingon-ingone Kasiyem, bojone.

Saben dino kucing mau mung dielus-elus, dipangku-pangku, dikeloni.
Deweke dadi bojone malah ora tau digatekne. Terus terang deweke cemburu berat karo kucing kuwi....

Sawijining dino Kasiyem lungo neng pasar arep dodolan telo.
"aku lungo pasar disik yo Kang.."
"Yo kono...ati-ati.."

Bareng Kasiyem lungo, Kasidi langsung ndekep kucinge trus digowo lungo 10 km adohe,
trus di culke ning pinggir dalan.
Kasidi bali mesam mesem mergone bungah...

Tapi bareng tekan omah..
Jenggirat !!!

kucinge wis tekan omah disik malah lagi mangan gereh...

Kasidi gregeten pisan, langsung di dekep maneh, lebokne karung, langsung digowo lungo maneh...

Saiki ora tanggung-tanggung,
diputer-puterne, mlebu gang,
nyabrang kali,
liwat kebon,
dalan gedhe,
dalan cilik,
pokoke mumet-met.......
nganti tekan pinggir alas... jarake yen dietung-etung kiro-kiro 20 km.

"Naahh... Saiki kowe ora bakalan bisa bali Cing... Mati kowe..!!" Kasidi bungah banget atine.....

Bareng bakdo maghrib Kasidi tilpun Kasiyem..

"mBokne... kowe wis bali ko pasar..??"

"Ya wis kawit mau.."

"Kucingmu ono opo ora..."

"Yo ono kae...
gek turu mlungker ngarep tivi..."

"Ndang digugah.. trus wenehno HP mu nang kupinge kucingmu..."

"Lhaa... Ngopo Kang kok arep ngomong karo kucingku...??"

"Arep takon mau baline lewat ngendi.. Aku kesasar " 😅 😂

Tidak ada komentar:

Posting Komentar