Sugeng enjing para sedherek sedaya, sugeng sare.
AJA NGANTI SALAH KIRIM
"Kado Ultah"
PAIJO : "Happy birthday ya, Srii...,mmuuuuuaaachh...!!!"
SRINTIL : "Suwun mas, tak kira sampean lali ultah ku ...(mesem dimanis maniske).
PAIJO : "Ya mesti eling to dik, ning aku mung isa menehi kado iki lho ..." (karo menehke kado)
SRINTIL : "Suwun yo mas, iki isine apa? Tak buka'e yo???"
PAIJO : "Aja dibuka saiki dik. Bukak'en nek aku wis bali wae ..."
SRINTIL : "Oke deh mas..." (karo ngethip ngethipke mripate)
Paijo trus pamit mulih. Lagi wae teka omah, Paijo wes diceluk simbok'e.
PAIJEM : "Joo... Jo..., metua saka kamar sedhelok ...!"
PAIJO : "Iya mbok...! enten napa...?"
PAIJEM : "Simbok mau bar tuku sempak werna pink , tak deleh ning kursi kene kok ora ana? Lha trus krudung werna pink iki nggone sapa Jo...???"
PAIJO : "Aaaaaarrrggghhh...!!!" (salto maju mundur ping sepuluh)
PAIJEM : "Ana apa to le???"
PAIJO : "Iki krudung kanggo Srintil kok isih ana mbok...! Berarti sing tak bungkus njero kado mau sempak'e si mbok...!" (gulung-gulung ngrawuki raine)
PAIJEM : "Ya wes rapapa..., sesuk simbok tak tuku neh...!"
PAIJO : "Isa dadi jomblo aku mengko, mbok!!!"
PAIJEM : Halaa, ... emange kenek apa le...?"
PAIJO : "Mergo nang jerone kado tak wenehi tulisan: "SRI..., MENGKO NEK PAS NGANGGO IKI RAMBUTE DIKETOKNE SITHIK YA...!!! BEN TAMBAH KEREN...!!!"
Senin, 07 Maret 2016
PAIJO
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar